Friday, March 1, 2013

Undangan khitanan bahasa jawa


Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh
Winantu sagunging pakurmatan. Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan. Sinartan nyadhong berkahing Gusti ingkang Maha Tunggal, kula sabrayat hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan Khitanaken yoga kula ingkang nami, David Sulaiman benjang ing,
 Dinten            : Minggu Kliwon
                     Surya kaping  : 21 November 2012
                     Wanci              : tabuh 10.00 wekdal ireng kilen~sak bibaripun
                                                 Mapan ing      : Griya kula RT.02 RW 0.4 Dusun Pakunden, Kecamatan Ngluwar, Magelang 
Satuhu badhe damel bombong saha mongkoging manah kula sabrayat, mbok bilih dhangan ing penggalih saha sepen ing sambekala, bapak/ibu saha sederek sekalian keparenga rawuh hangestreni saha paring puja pangastuti dhumateng yoga kula sri pengantin, supados dados putra ingkang shaleh saha ngabekti dhumateng tiyang sepuh kekalih, amin.
Wasan kula sagotrah hangaturaken agunging panuwun saha nyuwun agunging pangaksami sadaya kekirangan dalah kalepatan kula.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokaatuh

(Kulawarga Bpk. Johansus Sarahar)


4 comments: