Sunday, February 3, 2013

Artikel Bahasa Jawa


Pentinge Komunikasi Seksual
Wongtua lan Bocah Remaja


Secara Nasional 14% pelajar wis nindakke sesambungan pasangan sajrone urip ing Indonesia, tumindak seksual remaja uga ora beda karo manca Negara sing lagi mekar liyane. Minangka hasil Surve Demografi lan  Kesehatan Reproduksi ing Indonesia (SKDI) 2007, nglaporake water 10% seka wanita umur 25-45 taun wis nindakke sesambungan seksual sepisanan watara umur 15 taun. Sesambungan seksual masa remaja rentan utawa resiko tumrap penyakit menular seksual (PMS) kelebu HIV. Nanging, meh saben wong tua, iseh nganggep tabu utawa (wadi) ngenai bab seks yen dikandhakke utawa dirembug karo bocah-bocah.
Sairing karo tambahe umur, bocah-bocah kudu entuk pawarta sing pas lan akurat ngenani seks, supaya dheweke ngerti serta ora kleru lan nyimpang. Pentinge komunikasi bab seks digalakke maneh dening para ahli (winasis) kanthi cara panaliten during suwe iki. Miturut keterangan para wongtuwa kudune nimbang (mritungke) supaya ngajak bocah-bocah rembugan (diskusi) maneka warna aspek bab seks secara bola-bali katimbang mung pisan konsultasi sing tenan bab umum magepokan karo seks utawa pubertas. Kanthi diskusi sing tenan lan asring bias manehi informasi saha pengaruh kang positif tumrap wawasane bocah bab seks. Kanggo wongtuwa sing ora nindakake pendekatan secara jangkep amrih bias nambahi pengalaman sing luas kanthi diskusi karo bocah supaya dheweke bab seks ora nduweni pengaruh sing kuwat katimbang wongtuwa sing ngenalke topic anyar bab seks lan sapiturute ngembangake kanthi cara diskusi bola-bali miturut peneliti lewat “Jurnal pediatrics”.


Lewat penelitian kang judul “Beyound  the Big Talk” peneliti nggunake surve (pengamatan) secara tinulis kanggo bocah 312 ing wilayah California Selatan antara umur 11 tekan 15 taun. Panaliten iki nyoba ngungkap sepira asringe diskusi bocah-bocah karo wongtuwa bab seks. Asringe wongtuwa lan bocah komunikasi lan diskusi, asringe cedhak uga hubungan batin dheweke. Rakete hubungan wongtuwa lan bocah uga bisa migunani rikala diskusi wiwit nyangkut personal kayata pubertas, reproduksi, penyakit menular sekseual nganti bab utawa topik kang luwih pribadi. Saka hasil riset (penelitian) katon menawa para ibu luwih akeh diskusi karo bocah-bocah bab seks, lan maneh malah kaping pindho kepara luwih katimbang bapakne.
Bab sing perlu dilaksanake wongtuwa wektu ngendikake perkara seksual kanggo remaja antarane yaiku:
Siji, Ngrungokke kanthi temenan apa sing diucapke bocah, dipahami pikiran lan raos,kanthi mangkono dheweke bakal bias nampa, yen pancen rumangsa ditampa, dheweke gelem tinarbuka, percaya lan gampang diajak memitran.
Loro, Aja seneng ngguroni, bocah umume ora seneng diwarahi, amarga wektu awake dhewe ngguroni wong liya, biasane awake dhewe mapakke awake dhewe luwih dhuwur katimbang dheweke. Ora amarga cara iki awake dhewe bias komunikasi karo liyane.
Telu, Nggunake istilah sing gumathuk (cocok) yaiku kanthi basa kang gaul, umpamane yen bocah wis ngancik remaja, saengga bocah ora rumangsa canggung anggone nanggapi.
Papat, Gunakake kanthi pendekatan      agama, awake dhewe kudu yakin menawa kabeh perkara utawa masalah ing donya bias dirampungke nganggo nilai-nilai agama. Nilai-nilai agama ora owah nganti kapan wae. Bocah-bocah kudhu diajak mraktekake ajaran agama sajroning urip saben dinane.
Sabanjure pirang-pirang bab kang bias mbantu wong tuwa kanggo ngomongke seks karo bocah remaja utawa pra remaja, yaiku:
Paham karo perane dhewe, Nduweni wektu kang luwang, Bisa mbagi tugas, Ngomong sing tegas lan langsung, Ngrungoke kanthi temenan, Aja seneng ngguroni, Bisa ngendhaleni emosi, Tulus utawa ikhlas, Yen ora awake dhewe ya wong liya sing nindakke.
            Wong tuwa sing nduweni bocah wiwit ngancik remaja mestine ngerteni piye carane komunikasi karo bocah ngenani bab seksual saenggo bocah bisa ngedohi dampak negative serta bisa nampa informasi kanthi tepat.


           




No comments:

Post a Comment